Rabu, 30 Mei 2012

WANGSALAN WONG DERMAYU

jagat panen kepengen nginang,,,
godong klapa wadae serabi,,,
kayakenen nasibe nanang...
umur wis tua durung due rabi...

tuku sagu ning desa tarakan
malam minggu mung bisa manyun ning jero kontrakan...

ning srombyong luruh kayu
desa kramat genae muludan
aja sombong dadi wong ayu
bokat tak kemat dadi edan...

tuku arbel ning karang turi,,
ning gunung jati genae serabi,,
awak pegel ora mari-mari,,
langka sing mejeti nang ra due rabi,,,

ana layang-layang nyangkol ning rangdu,,
toge remek pelem koeni,,
ayang kulae sangat rindu.,,
gage marek wes tak enteni,,



dari mana hendak kemana,,
dari jempuh kebandar cina,,
jangan marah saya bertanya,,
si abang ini siapa namanya,,,

mangkat ning jakarta dina selasa,,
ning ragunan mapir ning putu,,
wong mabok cinta bli pandeng dosa,,
sampe akeh wong kawinan sekalian memitu,,

manuk glatik menclok ning klapa,,
ngadu jangkrik pinggir dermaga,,
gadis cantik anak siapa,,
ngangkrik'' ning umae tangga,,,

ana wengwe nggawa gedang,,
tuku wedi ning palembang,,
ngrayu cewe wis ora mempan,,
nang mang yudi wis ora bujang,,

jeruk purut olih ngocek,,
godong katus ning tengah pasar,,
esuk mruput mata melek,,
ndeleng status tulisane pacar,,

tapih teles wayah awan di entasi,,
 tuku petis ning karang turi,,
ati ngenes di tinggal ning taiwan,,
turu atis laka sing baturi,,

blendung jagung laka klapane,,
weteng blendung sapa bapane,,





13 komentar: